Siap Menerbitkan Buku Anda

NOVEL BERBAHASA JAWA

JUDUL : GUWA BANGER

ISBAN: 978-602-7973-18-5

PENULIS : TIWIEK SA

TAHUN: 2013

DIMENSI: VI + 164 hal, 14,5 x 21 Cm

Jenis Cover: SOFT COVER

GENRE : NOVEL KRIMINAL

SINOPSIS:

 

         JENENGE temenan embuh Warsona embuh Darsona. Ning undang-undangane cukup Son. Banjur kareben keprungu ”wah”  ditambahi Drubiksa. Dadine njur Sona Drubiksa. Ning tegese kepriye, sing duwe jeneng iku dhewe ora mudheng.

         Dheweke iku sakawit benggol maling kayu jati. Bareng kayu jati entek ludhes merga dijarah rame-rame, Sona banting setir  dadi benggol rampog. Papan oprasine ing dhaerah kendheng kidul. Pandhelikane, sing banjur didadekake markase, yaiku  telenge guwa ing satengahe alas Karangingas. Arane Guwa Banger.

         Yen pas ngaso ora ngrampog, Sona sok saba ing pelacuran ing kutha Truntum. Jujugane ing wisma Sekar Birahi. Ing kono duwe langganan pelanyah anyar tur isih bocah aran Nola. Nola nekad njegur ing donya ireng awit ditundhung dening ibune, nalika konangan  bandrek zina karo bapake kuwalon.

         Liya dina nalika Sona niliki Nola, jebul kecelik. Nola wis lunga   ditundhung  dening mucikari-ne merga meteng. Sona ngluruh lungane Nola tekan  wewengkon Nglahar. Pranyata Nola dadi tahanan pulisi merga mateni bapake kuwalon.

         Sona Drubiksa kuciwa banget. Dheweke rumangsa kagol. Apa maneh meneng-meneng  Sona tuwuh rasa tresnane lan kepengin ngentas Nola saka donya ireng, nyulihi bojone loro kang minggat.

Puncake rasa kuciwa nyababake Sona tumindak ngawur. Tarsiyem, bojone Giran Monyet mitrane dhewe, sing saiki katon ayu lan mencutake sumedya digonjak!  Priye wusanane?   Apa Tarsiyem klakon dadi kurbane Sona?  Njur apa sing ditindakake dening Giran Monyet?

Kanggo mangerteni badhare crita, para sutresna diprayogakake maos piyambak nganti rampung. Ditanggung ora bakal keduwung. Awit critane pancen muyeg, nggeget, adreng lan sereng ....

TIWIEK SA pengarange buku iki wis dadi jaminan. Modhel critane kang asring nggabungake antarane tema sosial, katresnan lan kadurjanan diracik kanthi gaya nggeget. Saengga  nyencang pamaose  kudu maos terus wiwit kaca kapisan nganti pungkasan ....*

 

© 2013 All rights reserved.

Make a website for freeWebnode